Powered By Blogger

Sabtu, 08 Januari 2011

pengalaman dalam bahasa jawa

pengalaman dalam bahasa jawa 


Wangsalan
Jan-jane mono parikan lan wangsalan kena diarani kaya sedulur. Ana ing kasusastran jawa kepara bisa diarani ora kapisahake, bedane racak-racak. Manawa parikan anggone batang lan nangkep isi kang dikarepake luwih gampang. Dene wangsalan, kaya parikan nanging isih awujud ukara batangan, kang batangan kuwi mau isih sinandi, mula ya perlu lan kudu digolek-i batangane sarana ngemper-emper batangan kuwi mau ing gatra mburi.
Supaya nggampangake anggone mbade wangsalan kang dikarepake mula perlu pengalaman kang ora sethithik. Lah pengalaman apa kang diperlokake, saora-orane yakuwi pengalaman batin babagan sastra jawa, basa jawa, pedhalangan, karawitan. Syukur bage manawa pangalaman ing sadengah seni-budaya lan ngelmu pengetahuan umum.
Wangsalan ana kang kanggo padinan lan mujudake wangsalan bebas. Tegese tanpa purwakanthi. Tuladhane nalika Gareng caturan karo Petruk:’ Kanthong, aja mbumbu rokok, karo wong tuwa aja sakarepe”. Lah wangsalan kang kasebut ing ukara kuwi mau kang dikarepake yakuwi yen caturan aja ngawur. Surasa kang sinandi yakuwi bumbu rokok kang diarane wuwur, mula dadi tembunge ‘ngawur’, lan sapiturute.
Sabanjure ana wangsalan kang biasa kanggo cakepan gerong utawa cakepan sindhen, bisa uga kanggo priyayi kang ngayahi minangka pranata cara, para dhalang lan sapa bae kang kulina medar sabda, aweh pitutur utamane para sutresna ing jajaran pendidikan. Lah wangsalan kang keri iki biasane wangsalan kang isih ngugemi cacahing gatra uga purwakanthi.
Sinigeg, wangsalan yakuwi tetembungan utawa parikan kang sejatine wus ana batangane, nanging batangan kuwi mau isih kasandi, mula kanggo nggoleki batangan kang dikarepake yakuwi kanthi ngemper-emper ana ing ukara kang keri.

Tuladha wangsalan:

Jenang gula, kowe aja lali
(Jenang gula=gulali, gelali dadi tembung Aja lali)

Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.
(kembang kacang = besengut, dadi tembung mbesengut).

Asem muda, pra taruna nyambut karya
Panjaluke, sedaya wus kasembadan
(Asem muda=cempaluk, dadi tembung Penjaluk)

Witíng klapa jawata ing ngarcapada.
Salugune wóng mudha gelem rekasa
(witing klapa= glugu dadi tembung saluguné)
(Jawata ing ngarcapada = wóng)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar